Kamis, 27 Juli 2017
Pitutur tiyang sepuh
Bocah Bagus Anakku Lanang, Ojo Wedi,… Golék-o Pepadhangé Dalan, Ora Kendhat Anggonku Ngengudhang, Duh Bocah Bagus Anakku Lanang. Wong Tuwamu Dudu Raja, Sing Dak Wariské Dudu Bandha Dunya, Sangumu Mung Isi Pitutur, Muga Dadi Titah Kang Luhur. Anak Lanang Bagusing Ati, Ojo Lali Anggonmu Memuji, Marang Gusti Kang Murbéng Dumadi, Mugo Dadi Padhangé Ati. Urip Ing Dunyo Iku Sedhélo, Urip Ing Kono Koyo Samudro, Mulo Nggér…., Ojo Wegah Podho Tetanén, Ing Kono Mbesuk-é Bakal Panén. Bocah Bagus Anakku Lanang, Ojo Nganti Ninggal Piwulang, Mumpung Jembar Golék-o Pepadhang, Ojo Jirih Ing Pepalang. Sejatiné Ora Ono Opo-Opo….., Sejatiné Jagadawujud Suwung, Ora Warno Lan Ora Rupo, Sing Ono Mung Awang-Uwung. Akéhing Bandha Dudu Ukuran, Drajat Lan Pangkat Dudu Takeran, Lan Pepujané Rasa Dudu Anak, Pagering Jiwo Dudu Sanak. Wong Tuwamu Dudu Dewo, Ora Wenang Nulis Garisé Manungso, Sangumu Mung Isi Pitutur, Mugo Dadi Titah Kang Luhur
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Sabdo palon
Sang Prabu banjur ngandika yen wis lair batos, mulane kêna diparasi. Sang Prabu sawise paras banjur ngandika marang Sabdapalon lan ...

-
" Kawruh Jati / Ilmu mengenal Jati Diri " " Ngelmu Jagad Agung Jroning Priyonggo........", ( Ilmu Jagad Agung di dala...
-
Biografi KH Hamim Tohari Djazuli (Gus Miek) Ploso Mojo Kediri Biografi KH Hamim Djazuli © KH. Hamim Tohari Djazuli atau akrab dengan pa...
-
Bocah Bagus Anakku Lanang, Ojo Wedi,… Golék-o Pepadhangé Dalan, Ora Kendhat Anggonku Ngengudhang, Duh Bocah Bagus Anakku Lanang. ...
Bingung weh
BalasHapus